Pages

Subscribe:

Ads 468x60px

تها نينا للزيارة وا لاستمتاع يا أخي

Rabu, 03 Agustus 2011

Sapa salah Seleh

Aku ora ngarti marang sampeyan
dituturi nora' kok gugu
apa tho'sak-benere karepmu
aku malah bingung
di kandani malah guya-guyu

Apa tho' karepmu iku
apa sampeyan aku wong ora gableg
dadi nganggep sepi budheg
wis wiwit saiki aku arep meneng
ora arep nnggape sampeyan maning

Saprana saprene ya pancen bener
ngendikane para leluhur
sedulur cedhek yen kumpul
jarene arum ganda jamban

Iki kabeh ajaran nora' genah
dudu piwulangane Islam
nanging ajarane para penjajah
kareben bisa bubrah congkrah

Sing bener piwulangane Rosulillah
sedulur kumpul marak musyawarah
andadekake kukuhinh umrah

Mula wiwit biyen aja percaya
marang piwulang ora ana Patrape
sing bisa gawe congkrah bubrah
mula wiwit saiki ngguguwa pituturku
"Bersatu Kita Teguh Bercerai kita Runtuh"

Tidak ada komentar:

Posting Komentar